Tuesday, March 12, 2019

Cerita sore

*CERITA SORE*
*Neng jero kelas Bu Guru lagi mulang basa Jawa*

Bu Guru :  " murid- murid... kéwan apa sing huruf awalé *J* "

Murid murid meneng kabèh.. 
terus *Syamsul* ngacung :

*Syamsul* : *" JARAN, bu Guru.."*

Bu Guru : *"pinteeeerrr.. kowe  Sul"*

Bu Guru : " jajal saiki kéwan apa sing huruf awale *N*"


*Syamsul* nyahut maneh:  *" NIKU JARAN, bu Guru..."*

Bu Guru : " *Sul kowe maju ngadeg neng ngarep kelas..."*

*Syamsul* maju, diukum nèng ngarep kelas...

Bu Guru :  " trus manèh yo cah...kéwan apa sing huruf awalé *K* "

Murid murid meneng kabèh ..

*Syamsul* ngomong lirih..: *" KOYOKÉ JARAN.."*

Murid-murid ngguyu cekikikan separo liyané ngakak...

Bu Guru jèngkèl : *"Sul...metuo nèng njobo kelas kono !!.."*

Akhire sak kelas anteng meneng.

Bu guru :  " terus manèh yo..kéwan opo sing huruf awalé *R*.." 

*Syamsul* nglongok soko njobo cendela *"ROMBONGAN JARAN.... Bu Guru !!! "*

Wiiinggggggggg..... penghapus mabur kena gegeré *Syamsul*...

Bu Guru : "Terusno maneh ya cah, kéwan apa sing jenengé diawali soko huruf *G*?"

*Syamsul* njawab karo bengok-bengok soko ngisor cagak gendéra :
*"GENAH JARAN kok.... iseh takon waé...!!!".*

Bu Guru metu langsung malangkerik karo mendelik  koyo walang...

Bu Guru mlebu manèh nang kls " *Kéwan opo sing hurup awal  *M* ?"

*Syamsul*  karo ngakak🤣 🤣 njawab: *Manuk  é jaran buuu.....*

*Bu Guruné strèss*

*Syamsul di skores seminggu gak olèh mlebu sekolah*



Wosé cerito: *Ojo lali seneng* 
...🐊🤣🤣

Sumber wa


No comments:

Post a Comment

Banner